Selasa, 22 Maret 2011

PITULUNGAN

Tanggal 15 sasi jawa, rembulan katon bunder sampurna. Cahyane madangi donya sak-isine. Langit katon resik semeblak tanpa mendhung sing ngganduli. Bayu sumilir nyapa kulit kang ora katutup wusana. Adem. Narmi, bocah wadon las-lasan tahun lungguh ana ing tretepan omah. Sajak nelangsa atine amarga sawijining perkara. Raine katekuk-tekuk, nggambarake pikirane sing semruweng. Rembulan sing katon endah saknyatane ora isoh mbungahake atine Narmi barang sawetara.
Piye ora bingung, karep ati isih pengen nerusake sekolah, lha kok bapake kadung nampa lamarane Kang Paijo. Dene saktenane ora amarga isih pengen sekolah tok, nanging Narmi pancen ora tresna karo Paijo. Wong wis tuwo ora gelem ngaca, bojone wis telu , anak wis sanga kok ya isoh golek perawan cilik. Narmi wis coba matur karo bapake, yen dheweke emoh jejodohan karo Paijo. Sanajan Paijo sugih, nduwe sawah pirang-pirang patok, nanging Narmi ora kenggoh. Banda donya isoh digoleki, iku tekate Narmi.
Telung dina kapungkur, nalika krungu gunemane Narmi, bapake katon ora seneng. “Yen kowe ora gelem di pek bojo karo Paijo, aku yo ora gelem ngragati sekolahmu Mi,” gunemane bapake Narmi. Narmi mung meneng, ora wani mangsuli gunemane bapake. “Kowe aja mikir awakmu dhewe Mi, adi-adimu uga butuh ragat. Yen sing nyambut gawe mung aku tok, yo ora cukup. Mula yen kowe gelem di pek bojo Paijo, sak ora-orane kowe isoh ngringanake wong tuwo. Sokur kowe isoh ngewangi ngragati adi-adimu,” bapake mbacutake gunemane sinambi nyerot udut lintingan klobot. Narmi mung ndikluk wae, pandelengane mbrebes. Atine kuciwa, ning ya ora isoh apa-apa.
“Narmi, kok sajak katon sedih nduk?” Mbak Wulan-tanggane Narmi sing sekolah ana kutho ujug-ujug aroh-aroh. Saking jerone ngalamun, Narmi ora sadar yen mbak Wulan wis ngadeg ing jejere.
“Eh mbak Wulan, ngapunten, mboten ngertos njenengan dugi,” gunemane Narmi karo rodok kekuk.
“Lha iya to wong kowe ngalamun, kowe iki mikir apa kok katon sedih temen?” jawabe mbak Wulan kanti mesem lan nabok pundakke Narmi.
“Mboten kok mbak, namung radi kesel kaleh ngantuk,” Narmi njawab sak-sake.
“Alah ora usah ngapusi, aku isoh maca saka raimu. Kowe lagi ana perkara to nduk?” Mbak Wulan ndelengi Narmi sawetara.
Narmi samsaya kekuk digatekake ngono kuwi. Keren-keren iki Narmi pancen rada cerak karo Wulan. Ndelalah Narmi iku anak mbarep, kekancan karo Wulan sing luwih tuwo umure, ibarat Narmi nemu mbakyu sing isoh ngemong lan ngayomi. Tur ya Wulan iku sanajan anake wong nduwe lan kinormatan, nanging dheweke ora anggep. Gelem kekancan karo sopo wae. Narmi seneng kekancan karo Wulan, amarga Wulan iku ngelmune akeh lan ora nggutil dum-duman ngelmu. Yen prei kuliahe Wulan kerep nglumpukake Narmi lan sak konco-koncone banjur diwarahi ketrampilan.
“Piye arep crita opo ora nduk? Dak rungoake, sapa ngerti aku isoh mbiyantu awakmu,” Wulan ngrayu Narmi gen gelem crita.
Narmi malah tambah brebes, suwe-suwe nangis karo mingsek-mingsek. Wulan nyedaki Narmi banjur ngrangkul Narmi ana ing dadane.
“Yo wis yen awakmu urung gelem cerita, isih eling to kandhaku Mi? Yen kowe ngalami perkara sing katon abot banget. Ndang budal, njupuk banyu wudhu banjur ngajiya. Insya Allah mengko atimu mundak tentrem. Gusti Allah kuwi Maha Mireng Mi, wadula karo Gusti Allah. Amarga mung Gusti Allah sing isoh menehi dalan perkarane awake dhewe. Kowe percaya tho Mi?” gunemane Wulan sinambi ngelus sirahe Narmi. Narmi mung mantuk-mantuk. Atine rada kepenak krungu kandhane Wulan.
Iyo, yo, Gusti Allah iku ora sare mesti pirsa aku sing lagi nandang duhkita, batine Narmi. Aku yakin Gusti Allah ora bakal nglewaake abdine sing tenanan nyenyuwun pandonga. Duh Gusti kulo nyuwun pitulungan lan kekiatan kagem ngadepi sedaya perkara niki, lirih atine Narmi sambat karo Sing Kuasa.
“O, iya nduk…aku mrene arep menehi kabar bungah kanggo awakmu,” mbak Wulan banjur lungguh ana sisihe Narmi.
“Kabar menapa mbak?” Narmi takon sinambi ngelap banyu luhe.
“Ana beasiswa sekolah kanggo kowe, pancen ora isoh langsung mlebu. Minangka tes disik. Nanging iki kasempatan apik Mi, ora ana salahe yen mbok coba.”
Saknalika atine Narmi maleh bungah, sajak ora lagi nandang duhkita. “Saestu mbak?” Narmi takok katon ora percaya.
“Kapan to Mi aku ngapusi kowe? Sesuk esuk yen kowe pancen gelem dak eterake menyang panggonane,” gunemane mbak Wulan kanthi mesem.
“Purun mbak, saestu kulo purun,” jawabe Narmi. Raine ora katon sedih maneh, nanging katon sumringah. Syukur marang Gusti Ingkang Maha Murah, batine Narmi. Saiki kari mikir piye carane matur karo wong tuwane, luwih-luwih bapake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar